5 alasan mendasar mengapa kebanyakan orang tidak menjadi kaya hingga akhir hayatnya

Posted by

Winginane reang olih imel sing bature reang, wonge wis sukses dadi pengusaha ning Jekarta. Jare bature reang, ana 5 macem perkara sing gawe wong melarat selawase.  Apa bae sing 5 kuhh...


  •  Ora gelem ngrubah lingkungane.
Biasane, wong melarat oripe kumpul kro wong melarat, urip ning lingkungan kang isine wong melarat, ora ilo ktetemu atau ngobrol atau bergaul karo wong sugih, sekolahe kumpul kro wong melarat, dadi pola pikire sing di anggo pola pikire wong melarat. ora kepikir-kepikir acan dadi wong sugih. Dadi bli mungkin garep sugih wong ora kepikir dadi wong sugihh...
Pada kenyataane, anak-anake wong sugih luwih gampang dadi wong sugih waktu wis gedene. persentasine luwih gede tnimbang anake wong melarat kang dadi sugih waktu gedene.
Kudu di sadari, bahwa lingkungan nduweni dampak kang penting kanggo nentukna masa depane wong. Menusa memang beli bisa milih pengen di lairna ning endine, tapi menusa due pilihan kanggo ngrubah lingkungan kanggo bisa ngrubah nasib sesuai kro kepengenane.


  • Beli wani ngambil keputusan lan ora due komitmen
Penyebab kelorone kang ndadekna wong beli bisa dadi wong sugih yaiku ora wani met keputusan lan ora ndueni komitmen kanggo dadi wong sugih.
Gal menusa kabeh gah pengen dadi wong sugih,ana sing maca buku-buku cara dadi wong sugih, melu seminar-seminar soke dadi wong sugih, dedonga awan lan bengi pengen dadi wong sugih.
Hal fundamental sing sering pada kelalen yaiku prinsip lan ketekunan sing di butuh di kerjakna kanggo modal dadi wong sugih. Wong masih pada ngerjakna pegawean kang pada karo wingi-wingi, padahal wis terbukti pegawean kuenkuh bli bisa mai prubahan apa-apa.
Wong sing met keputusan pengen dadi wong sugih dunya tentune kudu komitmen karo resiko dadi wong sugih.
 

  • Masih due pikiren bahwa mengkesuk waktu sing paling tepat
Wong sing due niatan pengen sugih kudu wis berpikir bahwa dina sing paling bagus kanggo mulai usaha ya dina kien , dudu mengkesuk.

  • Ora bisa nahan kepengen karo hal-hal sing nyenengna
Durung kuat nahan godaan, masih pengen seneng-seneng bae (inability to delay gratification ). Masih pengen urip seneng-seneng , durung bisa priatin.

  •  Durung bisa berfikir panjang ( lack of time perspective )
Jawabane reange :

Garep sugih garep bli gah wong...sing penting urip di ridhoi ning pengeran!!
hahahaha................................


Blog, Updated at: 07.53

0 komentar:

Posting Komentar