10 alasan bagi seorang muslim untuk tidak ikut marayakan tahun baru masehi

Posted by

Gal akhir taun terus garep manjing ning taun anyar, wong pada siap pesta taun baru, terutama wong nom sing masih kieng seneng-seneng. Ana sing ngempos trompet, nyuled kembang api, nyuled bledogan, gewe acara musik-musikan ning lapangan sepak bola atau acara-acara sejen sing kadang-kadang dadi acara maksiat.
Padahal, jare wong sing pinter-pinter, sing sekolahe duwur-duwur. Wong Islam kuh blolih melu-melu acara taun baruan. sebabe akeh. Ana sepuluh macem alasan/sebab. yaiku :


  • Sebab Sejarah
Di ceritakna ning buku "The World Book Encyclopedia" bahwa Raja Romawi sing ngaran Julius Caesar nentukna bahwa 1 Januari sebagai awal taun baru senget zaman ke 46 SM. wong Romawi mendedikasiaken tanggal 1 januari kanggo dewa Janus, dewa lawang. dewa gerbang . Aran Januari  njokot sing aran Janus, yaiku dewa sing due rai loro, siji ngadep mengarep ( masa depan ) lan sijine ngadep mengguri ( masa lalu ).Termasuk Paham Paganisme. Apa hukum wong sing ngerayakna taun baru padahal deweke durung weruh sejarahe? Firman Allah wis ngelingna menusa kabeh:

وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ

“Lan sira aja sekali-kali melu ning barang sing sira bli weruh apa-apa ” (QS. Al isra’: 36)


  • Tasyabbuh
Pesta taun baru ngrupakna kebiasaane wong barat sing bli sesuai karo ajaran Islam. Ngrakyakna acara taun baruan pada bae karo madakna kro wong barat. Di kawatirna bisa tergelincir karo kebiasaane wong non islam.
Rasulullah bersabda,


مَنْ تَشَبَّهَ بِقَوْمٍ فَهُوَ مِنْهُمْ

 

“Sapa wonge kang pada karo sewijine kaum, maka wong iku kepanjing golongan kaum mau.” (HR. Ahmad dan Abu Daud)


لَيْسَ مِنَّا مَنْ تَشَبَّهَ بِغَيْرِنَا

“Dudu termasuk golongane ingsun sapa bae ingkang pada karo golongan sejene golongane ingsun” (HR. Tirmidzi; hasan)

  • Sangkakala Yahudi
Acara taun baru identik karo trompet. Ngempos trompet termasuk cara ngrayakna acara taun baru kang paling sederhana. tapi weruh bli bahwa ngempos trompet kuh kebiasaane wong yahudi, sampe waktu para sahabat ngusulna ngempos trompet kanggo tanda manjing waktu sembayang, Rosululloh Bersabda :


هو من أمر اليهود

 

“Ngempos terompet kuh kebiasaane wong Yahudi” (HR. Abu Daud; shahih)

  • Pemborosan
Ngrayakna taun baruan, khususe nganakna acara musik lan pesta kembang api atau sejene, pasti butuh dana sing beli sendik. Ngerupakna pemborosan kang di sengiti ning Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Sabda Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam :



إن الله كره لكم ثلاثا قيل وقال وإضاعة المال وكثرة السؤال

 

“Setuhune Gusti Allah mbendu sampean kabeh ning telung macem pegawean; , siji nggosip, loro mbuang-mbuang harta, telu akeh pitakonan.” (HR. Bukhari)

  • Melek sawengi-wengi
 Salah siji acara taun baruan sing umum yaiku ngenteni detik-detik pergantian taun, yaiku jam 00:00. Kanggo nunggu waktu00:00 terpaksa pada melekan sampe esuk.Melekan sing beli jelas tujuane di bendu ning Rosululloh.

وَكَانَ يَكْرَهُ النَّوْمَ قَبْلَهَا وَالْحَدِيثَ بَعْدَهَ

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam mbendu turu sedurunge shalat isya’ lan ngobrol sewise waktu isya’ (HR. Bukhari)
  • Ninggalna shalat
Mbuh seringe, sebab melekan sawengi-wengi lan turu esuk, wong pada ninggalna sembayang subuh. malah senget isya wis pada beli eling karo sembayang, sebab acara taun baruane mulai senget sore. Padahal, ninggalna sembayang bakal olih dosa paling gede lan bisa dadi kufur.

  •   Mbuang-mbuang waktu
Acara taun baruan cuma mbuang-mbuang waktu. Apa bae acarane. Padahal, jare agama islam waktu paling berharga.
Imam Syafi’i ngomong masalah waktu:


ونفسك إن أشغلتها بالحق وإلا اشتغلتك بالباطل


“Sirakuh bakasan bli sibuk karo masalah-masalah bener (haq) pasti sibuk karo masala-masalah kang sia-sia ( batil )


  • Ikhtilath
Acara taun baruan biasane nyampurna antara lanang lan wadon sing dudu muhrime.  dodok bareng, nginung bareng, joget-joget bareng. luar biasa!!


لأَنْ يُطْعَنَ فِي رَأْسِ رَجُلٍ بِمِخْيَطٍ مِنْ حَدِيدٍ خَيْرٌ لَهُ مِنْ أَنْ يَمَسَّ امْرَأَةً لا تَحِلُّ لَهُ

“Masih mending ndase di cocog karo pasak wesi tenimbang ngemek wong wong wadon sing dudu muhrime.” (HR. Thabrani; shahih)

  • Hal-hal haram
Acara taun baruan kadang di isi karo acara joget-joget, inung-inungan  lan sejene. nambah-nambahi dosa.

  • Zina
Wis dudu rahasia maning acara taun baruan biasane di manfaatna kanggo acara zina. terbukti karo berita akehe kondom sing di tuku ning bengi taun baruan. Ana sing wis di rencanakna senget sadurunge ana sing ke gawa suasana. Na’udzubillah min dzalik. 



Blog, Updated at: 07.47

0 komentar:

Posting Komentar